---------------------------------------
Sastra Jawa :
Program Digitalisasi Sastra Daerah,
Yayasan Sastra Lestari
Surakarta, Indonesia
http://www.sastra.org/index.php
---------------------------------------
Dikumpulkan & diunduh oleh jebalkober
---------------------------------------
Judul :
Asmaralaya, Mangunwijaya, 1908, #1261
Katalog : Asmaralaya, Mangunwijaya, 1908, #1261
Sambung : -S�rat Asmaralaya
Anyariyosak�n bab kawruh kasampurnan, piritan saking wasitaning guru-guru ingkang
sami am�dharak�n tekating kasidan, kaimpun dhat�ng Mas Ngab�i Mangunwijaya, abdi
dal�m mantri dhistrik Bayat (Surakarta)
1838-1908
--- [0] ---
S�rat Asmaralaya
Anyariyosak�n bab kawruh kasampurnan, piritan saking wasitaning guru-guru ingkang
sami am�dharak�n tekating kasidan, kaimpun dhat�ng Mas Ngab�i Mangunwijaya, abdi
dal�m mantri dhistrik Bayat (Surakarta)
1838-1908
--- [0] ---
...
--- 1 ---
1. Dhandhanggula
1. Mang�sthi wruh srir�ng Hyang Artati | t�tuman�n pat�mon wartanya | tanpa
pantaran nikmate | sor lang�ning salulut | marmanira kang sampun uning | kasat mata
ing netya | sum�h s�munipun | ay�m t�ntr�m anarima | mungkur maring karam�n mung
amalatsih | sihing Hyang Suksmanasa ||
2. ngunjara ring r�rasan tan aris | sanityasa sung sr�ping sasama | sar�h
saniskaraning r�h | ririh paramarta rum | santa budya sus�ty�ng kapti | kat�nta
m�totaman | t�t�k santosatul | saking tyase wus pranawa | anarawang manrusing
pramana w�ning | wruh n�nging ka�ningan ||
3. wiwaraning warana kang w�rit | kinawruhan w�ngane tan samar | kasarira saarine |
wruh rahayuning luyut | yitna nora kewran ing w�sthi | mangkana kang waskitha |
marma d�n anggayuh | wahyu ayuning kasidan | ywa katungkul ulah kamulyaning urip |
tan urup kinur�pan ||
4. jatinira ananing aurip | nora lama b�basane
--- 2 ---
ana | amung sag�byaring cl�r�t | p�t tumulia wangsul | bagya lamun kang bangkit
bali | maring alame lama | kang luwih linuhung | wit gaib kang durung wikan | kang
wus tamtu p�t�ng cal�r�t umanjing | suwung woring swasana ||
5. yayah l�bu katiyup ing angin | paran kulup y�n n�ng kono sira | kasangsaya
salawase | awit w�warahipun | wr�datama kang wus mumpuni | y�n maring suwung sira |
mung p�t�ng tin�mu | tanpa t�pi kat�mahan | tuju padhang k�na g�byaring hyang rawi
| mawa prabawa panas ||
6. kaingk�tan surya p�t�ng malih | ana uga sunaring sas�ngka | nanging mung
sawatarane | tur mawa prabawa bun | sang�t asr�p karas�ng dhiri | y�n sira mring
swasana | swasana puniku | amung angin ananira | wor alusing ponang tirta lawan
agni | tur uga maksih k�na ||
7. wuwuh sunaring surya lan sasi | paran kulup solahira benjang | tansah panas
asr�p bae | myang katiyupi[1] bayu | angalaya ngub�ngi langit | anginj�ng [a...]
--- 3 ---
[...nginj�ng] tanpa sotya | iku aranipun | karsa ngungsi ng�ndi sira | trilokaya
k�bak kalimputan dening | ing suwung myang swasana ||
8. layak lamun kang durung udani | arsa mar�m n�ng suwung kewala | dum�h m�ngku
sakab�he | tan wruh lamun puniku | p�t�ng k�mput tanpa watawis | kang r�mpit
kalimputan | t�mah nyanuk-nyanuk | w�n�h angangg�p swasana | dum�h alus anglimputi
ganal alit | l�mbut ng�b�ki jagad ||
9. nanging tan wruh y�n iku trimurti | tri t�t�lu murti kaalusan | alus t�t�lu
t�g�se | liring alus t�t�lu | adh�m panas kalawan angin | iku ananing hawa | nguni
asalipun | ingkang panas saking surya | ingkang asr�p asal saking sitar�smi | angin
saking tranggana ||
10. tataning kang surya lintang sasi | samya mub�ng nyakra magilingan |[2] urun
prabawa katrine | wor dadya swasan�ku | m�ngka wrananira Hyang Widi | dera marn�ng
kaanan | s�sining rat sagung | dumunung mring suwungira |
--- 4 ---
li[3] s�sotya munggwing �mbanan salami | tan k�na pinisahna ||
11. mantuk t�t�p tanpa kartin�ki | kamot momot among amisesa | saisining jagad
kab�h | bumi baruna kl�bu | nora mrojol saking trimurti | isine kaisenan | ing
saananipun | anglimputi kalimputan | p�p�t tanpa wat�san p�nuh trimurti | tuhu
amises�ng rat ||
12. trilokaya tan ana kang mirip | lir swasana prandene punika | maksih kawula
jatine | katandha ananipun | durung langg�ng nora n�ng �ning | pan maksih darbe
obah | k�na suda wuwuh | t�t�p mung b�ngsa pirantya | dadi dudu anane kaanan jati |
jati-jatining g�sang ||
13. balik kang ran sajatining urip | say�ktine m�n�ng nora obah | nanging ingkang
obah kab�h | y�n nora lan n�ngipun | wurung nora sida amosik | lan tan rupa tan
warna | nanging jatinipun | sab�n-sab�n ana warna | pan wus lawan rupanira kang
sajati | kalamun tanpa [ta...]
--- 5 ---
[...npa] rupa ||
14. yatnanana y�kti nora warni | warna rupa nora bisa pisah | warna warana t�g�se |
rupa urip satuhu | dadi warna kab�h puniki | t�t�p waran�ng g�sang | kang mises�ng
suwung | suwung kang woring jiwangga | ulatana sumingite an�ng ng�ndi | aja mucung
kewala ||[4]
2. Pocung
1. nguni ingsun ng�ngl�ng ing tyas pungun-pungun | ngudi ananing Hyang | gya
pruhita pra maharsi | w�warahe tan sama awarna-warna ||
2. ana wiku m�dhar ananing Hyang Agung | yaiku cahyanta | kang nglimputi woring
dhiri | wayangannya dumunung n�ng netranira ||
3. bund�r nguwung lir sunaring surya nrawung | aran nur Mukhamat | y�n prapta
antar�ng pati | iku sur�m y�n sir�p sira palastra ||
4. marmanipun y�n wus surut urupipun | aywa was sum�lang | ling-ling�n ywa kongsi
lali | pilutan�n ing kono gwaning kamulyan ||
5. ana muwus wosing g�sang say�kti wus | kawases�ng sira | woring sarira ri ratri |
iya iku rasa lan
--- 6 ---
pangrasanira ||
6. wor sawujud n�ng napas anpas tan nupus | pratandhane ana | y�n napasira wus anis
| y�kti sirna atmanira saking raga ||
7. marmaningpun[5] y�n sira yun prapt�ng luyut | aywa kalayatan | oswanta racut�n
nuli | worna lawan rasa lan pangrasanira ||
8. pangras�ku anane Gusti sa�stu | kawula rasanta | y�n rasa lan pangrasa wis | wor
sajuga t�t�p ing panunggalira ||
9. sirna sampun tanpa rasa pangrasa wus | mulih mulanira | duk sira durung dumadi |
bali n�ng ning nora muni nora muna ||
10. w�n�h muwus jatine kang murw�ng idhup | yaiku pramana | kang masesa ing sakalir
| dumunungnya n�ng Utyaka Guruloka ||
11. iya iku t�mbung Arab Betal Makmur | tandhane kang nyata | an�ng g�byaring
pang�ksi | lwih waspada wruh gumlaring alam dunya ||
12. y�n puniku l�r�m sira nuli turu | y�n sirna palastra | mulane �sthine kaki |
mung pramana kang bisa nuntun mring swarga ||
--- 7 ---
13. w�n�h jamhur amarna kang maha ruhur | yaiku suwara | kang kuwasa murw�ng urip |
pratandhane lamun sirna swaranira ||
14. prapt�ng lampus m�n�ng nora bisa muwus | saw�n�h pandhita | m�jang ananing
Hyang Widi | iya iku ang�n-ang�n bale atma ||
15. n�ng jro jantung j�nak j�nj�m anj�jangkung | sakr�j�ting s�ja | rasa pangrasa
cipta sir | p�ncamaya p�ncadriya kawasesa ||
16. marma y�n wus prapta antaraning lampus | ang�n-ang�nira | n�ngna aywa mobah
mosik | rasanira sirnakna mring kono poma ||
17. y�kti n�mu sajatine kaananmu | tan susah sin�dya | pan wus manggih sawargadi |
t�mah nikmat mufangat salaminira ||
18. w�n�h nuduh jatining urip dumunung | an�ng sulbinira | papan kanikmatan y�kti |
purw�ng urip saking kono sangkanira ||
19. marma besuk y�n wus arsa prapt�ng layu | ing pang�sthinira | dumunungna an�ng
sulbi | y�kti mulya waluya mring uripira ||
20. tur am�ngku salwiring rasa sadarum | mung nikmat [nikma...]
--- 8 ---
[...t] mufangat | salam�t salami-lami | langg�ng urip m�ngka witing rasa mulya ||
21. w�n�h sung wruh jatining Gusti wus karuh | benjang lamun sira | wus par�k
antar�ng pati | ana rupa kadya rupanta priy�ngga ||
22. kang akonus saking kamanungsanta wus | saplak nora siwah | amung mawa cahya
putih | iya iku kang aran mayangga seta ||
23. lamun iku wus kadulu ing sir�ku | ciptaa anunggal | s�jakna g�nti umanjing |
dadi t�t�p war�ngka manjing curiga ||
24. rampung putus wus tan ana kang winuwus | t�t�p ing panunggal | panunggaling
kwula gusti | mulih mulya tan ana gusti kawula ||
25. w�n�h wiku ngaku wikan kang am�ngku | wus tanpa w�weka | benjang m�h
prantaning[6] pati | ana cahya seta prapta g�ng sasada ||
26. iya iku nur Mukhamat kang satuhu | uriping manusa | wawas�n aywa gumisir |[7]
tut wurin�n tan antara y�kti muksa ||
27. namu-namu mring wiyat nuksma dumunung | ananing tranggana | y�ku cahya kang
n�lahi | ing
--- 9 ---
buwana wus langg�ng kaananira ||
28. malih asung tuduh ananing Hyang Agung | cahya maya-maya | jum�n�ng munggwing
ograning | tuntung driya anartani trilokaya ||
29. Betal Makmur Betal Mukharam kat�lu | ing Betal Mukadas | sumunar prapt�ng
pang�ksi | liy�p�na katon ponang cahya maya ||
30. anarawung warna-warna wor dumunung | liy�ping paningal | benjang y�n arsa
ng�masi | cahya ingkang ka�ksi sir�p sadaya ||
31. wit ginulung ing cahya kang n�ng jro jantung | waluya ngayangan | nuksm�ng
cahya kang sajati | kang apadhang gumilang tanpa wayangan ||
32. langg�ng nguwung ang�b�ki buwanagung | mulih purwanira | duk durung tumurun
maring | ngarcapada awarna warana raga ||
33. malih guru am�jang jatining ng�lmu | ing kamulanira | ananing Hyang Maha Widi |
amung sabda gaib wor ing rat warata ||
34. cahyanipun gumilang-gilang narawung | tanpa w�wayangan | n�lahi s�sining bumi |
gya tumurun wor rahsa dadya manungsa ||
--- 10 ---
35. marma t�mtu y�n prapta antar�ng layu | ana cahya prapta | gumilang pindha
angganing | tirta munggwing ron lumbu amaya-maya ||
36. dyan puniku ciptan�n dadya sawujud | lawan sabdanira | kang s�n�dan samadyaning
| ng�n-ang�n ta y�kti waluya sampurna ||
37. mulya wangsul mring asalira rumuhun | sabda gaib babar | bali ang�b�ki bumi |
tribuwana k�bak bangkit m�gat nyawa ||
3. M�gatruh
1. wirayate para wiku kang durung wruh | jatining kaanan jati | kaya kang
kawahy�[8] ngayun | kab�h datan ana sisip | b�n�r wus n�ng raga manggon ||
2. sabab iku kab�h waran�ng Hyang Agung | nguni dug[9] durung dumadi | ya k�k�t
rak�t tan kumpul | palik�t n�ng nukat ghaip | yayah atunggil sawiyos ||
3. kadyangganing kang swasana wor lan suwung | nunggal rasa seje wr�ni | jatine ywa
swasan�ku | kang manuksma jroning dhiri | katarik duk murw�ng raos ||
4. rahsanira yayah rena wor salulut | kin�mat sing nikmatn�ki |
--- 11 ---
kamot kang swasana katut | kaanane kang sajati | n�ng mani woring sawiyos ||
5. iya iku purwaning Hyang Maha Agung | amarn�ng titah sakalir | saking kalarate
korut | k�k�t n�ng maningk�m nuli | kumulit ng�muli kothong ||
6. tan antara kang suwung nulya kum�dud | katut kang swasana kosik | kasr�g panas
lan sr�pipun | kumaring�t tri sut�ngsi | wus kasat mata say�ktos ||
7. karsaning Hyang kanyataan dadi wujud | wujuding kang jabang bayi | wanodya
tanapi jalu | lawan kang swasana maksih | an�ng jro dadi pirantos ||
8. pirantining manungsa kang alus-alus | l�stari manuksm�ng dhiri | ananging
pakartinipun | swasana manut piranti | kang awadhag urating wong ||
9. karsaning Hyang pinerang dadi tri juru | kocap ing Hidayat Jati | kapala ran
Betal Makmur | swasana kumring�t dadi | tirta maya n�ng jro panon ||
10. iya aran Tirtamarta Kamandhanu | pardikane banyu urip | loro
--- 12 ---
jroning jaja kasbut | ing Betal Mukharam isi | j�jantung ing j�ro kothong ||
11. mung swasana n�ng ngriku manuksm�ng suwung | t�lu konthol d�n wastani | Betal
Mukhadas puniku | m�si mani madi wadi | ya isis wasana kothong ||
12. amangsuli pakartining Kamandhanu | tansah amidraw�ng dhiri | nurut ing darah
lan bayu | kang darah kum�jot kosik | ang�but swasana dados ||
13. napasing wong ml�bu m�tu lira-liru | lawan swasana ing jawi | dadi t�talining
idhup | b�ngsa santri amastani | salat daim pujining roh ||
14. iya iku b�basane pra linangkung | suwung m�ngku anan�ki | iya anapas kang
win�ngku |[10] y�n suwunge jagad iki | m�ngku swasana ing kono ||
15. karonc�n�n kalamun kab�h tinutur | lir layang Hidayat Jati | ringk�se swasana
mau | kang n�ng jroning raga dadi | piranti kang alus y�ktos ||
16. kang n�ng ruhur dadi cahya praman�ku | m�ngku p�ncadriya nuli | p�ncar bisa
ngambu ngrungu | bisa nywara lan mang�ksi |
--- 13 ---
kang an�ng t�ngah kawaos ||
17. iya dadi p�nca maya kang am�ngku | rasa pangrasa cipta sir | bangkit nganggit
ngira nuju | nyana nyakrabawa tuwin | swasana kang an�ng ngisor ||
18. kwasa m�ngku p�nca asmara yaiku | witing kas�ngs�m sar�smi | saking p�ncadriya
tumrun | nuksm�ng p�nca maya trus mring | p�ncasmara m�ngku raos ||
19. ran asmara turida ping kalihipun | asmara t�ntra kaping tri | kapat asmara
cipt�ku | dadine woring sar�smi | asmaragama kacriyos ||
20. kab�h m�ngka kalaratira Hyang Agung | de swasana kang n�ng jawi | dadi kaanan
saw�gung | teja kuwung kilat thathit | cal�r�t jaladara wor ||
21. mega m�ndhung ampak-ampak guntur k�tuk | bayu bajra angin-angin | amun-amun
daru pulung | kab�h saisining langit | swasana kang dandos-dandos ||
22. bumi banyu wr�ksa gulma lata lumung | sarupaning kang kum�lip | kang gumr�b�g
kang kumrumpyung | tan lyan swasana kang dadi | tuhu
--- 14 ---
swasana kuwaos ||
23. t�t�p dadya w�wakiling Kang Mahagung | kawasa murw�ng sakalir | marma pra guru
kang tan wruh | ananing kaanan jati | swasana kang salin �nggon ||
24. nuli padha d�n angg�p Kang Maha Agung | pinangran pinundhi-pundhi | kaya kang
kawahy�ng pucung | tan wruh y�n iku trimurti | salin gon salin l�lagon ||
25. salin asma lan salin pangwasanipun | lamun manuksm�ng mring cacing | y�kti mung
mangk�r�t mulur | y�n manuksm�ng walang bangkit | mib�r mal�tik mancolot ||
26. y�n manjing wong bisa nganggit bisa ngidung | t�rkadhang bisa udani | maring
sajatining idhup | wruh sangkan paraning urip | pangrakiting r�h tan keron ||
27. marmanira kab�h pangangg�ping guru | kang padha mangeran maring | rasa pangrasa
cahya nung | mangran mring pramana tuwin | mangran swara cipt�ng batos ||
28. kaya ingkang kawahya ing s�kar pucung | say�kti benjang umanjing | mring
swasana moring suwung | arsa ngungsi maring ng�ndi | ngarsa wuri dhuwur ngisor ||
--- 15 ---
4. Pangkur
1. jaba j�ro ka�b�kan | ing swasana sanadyan kang tan ng�lmi | iya manuksm�ng mring
suwung | kawur ing tawang towang | nora beda lawan ingkang ahli ng�lmu | kalamun
nora waspada | dununging kaanan jati ||
2. sajatining uripira | kang wus awor tan pisah siyang ratri | sajroning Kur'an
kas�but | minkibaril warita | Gusti Allah rak�tan lan rasanipun | lire wus awor
sarasa | rasa sajroning ngaurip ||
3. urip ingkang mawa jiwa | jiwanira m�ngka warana jati | jatining urip puniku |
y�kti tan nganggo nyawa | nora nywara nora g�nda nora dulu | nora muna tan ngandika
| tanpa rasa pangrasa nir ||
4. amung n�ng �ning dyatmika | n�ng kaanan ananira pribadi | nanging kab�h kang
kadulu | apan wus kauningan | kang karungu wus kapyarsa ing Hyang Agung | kang
kaambu wus kag�nda | kang nywara kasabda y�kti ||
5. kang angrasa wus karahsan | inaloha huwasamingwal ngalim | Allah iku j�mbar
agung | uninga saniskara | nora samar ya nukat [nu...]
--- 16 ---
[...kat] ghaipbulguyup | liring wiji p�pingitan | sumingit ing rahsan�ki ||
6. nanging pilih kang uninga | lamun ora lawan pituduh jati | lafale layu khayapu |
tan k�na kaya ngapa | ananira samar tan k�na ginayuh | y�n ora lan wahyuning Hyang
| nanging wajibul wujudi ||
7. lire wajib wujudira | iya aran kayun ila birakin | urip tanpa jiwanipun | mung
daya prabawanya | anguripi s�sining buwana sagung | n�nge bisa karya obah | kayun
ila pindar�ni ||
8. bisa urip rong panggonan | lire urip n�ng ngalam kabir sahir | kab�h mung
pribadinipun | ing kene kana ana | iya kana kene tan ana nyakuthu | mung sawiji
nora owah | langg�ng ing salami-lami ||
9. ana sasmitanir�ng Hyang | muny�ng kitab Dakhaikul Akhaik | dhingin nitahak�n
kayu | sajaratul yakina | tuwuh an�ng jroning alam adam makdum | ajali abadi ika |
t�g�se g�sang sajati ||
10. tumuwuh an�ng buwana | ya duk maksih [ma...]
--- 17 ---
[...ksih] wang nguwung sonyaruri | suwung ing salaminipun | an�ng kaanan kita | lah
puniku ulatana d�n kapangguh | takokna mring pra pandhita | kang pundhuh pindhaning
pati ||
11. prandene kang wus sampurna | ing pangawruh tan samar woring dhiri | kang
ngalingi wus kadulu | mlela tan kalamatan | wruhing prana pambukane tan kaliru |
jro liy�p layap karasa | saking prana pranawaning ||
12. kang mangkono winastanan | sampun pana nungku pudya s�m�di | maladining ing
pan�kung | muni sajroning Kur'an | antamutu kablal maota puniku | liring mati
jroning g�sang | iya g�sang jroning pati ||
13. kang mangkana say�ktinya | pilih janma kang bangkit anglakoni | saking ang�l
sakalangkung | kalamun durung �kas | pang�k�sing iktekat say�kti takut | ewadene
k�na uga | ginulanga murih lantih ||
14. dene ta purw�ng pangarah | rah-arah�n s�sirih sab�n ari | any�nyuda hawa napsu
| y�n wus ngrasa kawasa | kalam�ngsa sir�ping wong lingsir [ling...]
--- 18 ---
[...sir] dalu | ngungsia gon kang prayoga | papan kang pakantuk s�pi ||
15. nulya ngracut p�ncadriya | kwasanira sirnakna ywa lumaris | netra liy�p�n anuju
| graning arga tur sena | pramananta worna liy�ping pandulu | mulat lumaksa n�ng
oswa | d�n santosa ywa gumingsir ||
16. dyan nata laksit�ng oswa | mahya manjingira d�n sar�h ririh | winawas ywa
kongsi wor suh | wor liy�ping paningal | d�n gumolong l�nging tyas tantara tamtu |
rasaning angga karasa | jro ros-rosan k�ngs�r kosik ||
17. katarik n�nging pirantya | tan antara gumr�m�t mara maring | marak wor oswa
rumasuk | ywa was d�n t�t�k sira | s�ring rasa karasa trusing s�sungsum | samantara
rasanira | woring pangrasa sirnanis ||
18. kari kalarating atma | woring warna rupa wus mulya tunggil | tunggil ing
kaananipun | ananing ka�ningan | konang-onang menak ing kanikmatan nung | ing kono
sakarsanira | dera mrih karkating kapti ||
19. say�kti wus [wu...]
--- 19 ---
[...s] katarima | kang narima ananira pribadi | wit wus paworing sawujut |[11]
roro-roroning tunggal | tunggalira maksih k�kalih puniku | marga lagi panunggalnya
| sajroning madya puniki ||
20. durung tunggal ing wasana | marmanira maksih wangsul k�kalih | lir Kr�sna
kalawan Wisnu | lamun Kr�sna katingal | Sang Hyang Wisnu say�ktine tan kadulu | y�n
Wisnu n�ng Suralaya | Bathara Kr�sna tan k�ksi ||
21. nanging Kr�sna iya Kr�sna | Wisnunira Wisnu sajati |[12] beda pamoring ngaluyut
| Kr�sna sirna waluya | pulih Wisnu ngayangan salaminipun | marma panunggaling
madya | mung aran gambuh ing Widi ||
5. Gambuh
1. ya sing gatunggal[13] lagu | pan�kungan kang kocap ing pangkur | lan pangukut
pangracut patraping pati | mung beda masesa iku | winasesa prapt�ng layon ||
2. dene patraping lampus | wasitane pra wiku kang putus | pawartine antara kurang
tri sasi | rasaning rasa wus surut | sur�m sumirat ing raos ||
3. nuntun karkating [kar...]
--- 20 ---
[...kating] kalbu | samubarang kang kambah kaambu | k�mba-k�mba kumambang tan
malb�ng budi | mring kabudayan tumambuh | ab�r berawaning batos ||
4. y�n wus mangkono tamtu | antara ri sranduning anggamu | ana ingkang krasa lara
salah siki | �mbuh pil�k watuk ng�lu | mul�s lungkrah tyas kal�son ||
5. y�n wus mangkono kulup | aywa ulap kum�lab ing kalbu | kab�h barang kang dadi
trisnaning ati | myang salwiring kar�mamu | birat�n aywa katongton ||
6. malah nulya mrih laku | anirnakna kab�h hawa napsu | liring hawa kab�h
p�penginan kaki | n�psu d�duka puniku | kalamun bangkit mangkono ||
7. kawarti wus tartamtu | tan karasa rasaning laramu | mung karasa srira l�sah
sawatawis | t�mah waspad�ng pandulu | tan was pamawasing batos ||
8. saking r�sik tyasipun | mring p�puton mant�p tan tumpang suh | dyan aywa sah
ng�sthi woring kwula gusti | lir kajarw�ng s�kar pangkur | mrih ywa keron
praptaning don ||
9. y�n wusing k�ksi [k�...]
--- 21 ---
[...ksi] konus | kamanungsanira say�kti wus | saya par�k praptaning antar�ng pati |
d�n patitis pamawasmu | wawas�n dipun waspaos ||
10. iku m�ngka panuntun | sasmit�ng Hyang ingkang Maha Agung | aywa gingga[14]
gulang�n gulungan�ki | benjang y�n wus prapt�ng lampus | iku malih sapat�mon ||
11. y�n wus l�sah anggamu | gya pasraha mapan kang pakantuk | lir man�kung kaya
kang kawahy�ng ngarsi | ngrak�ta n�nging pangukut | myang pangracut aywa keron ||
12. y�kti tantara dangu | sur�m s�sunaring pramanamu | katut dening kasating kang
tirta w�ning | iya Tirta Kamandhanu | ing kono dipun mirantos ||
13. empakna p�puntonmu | pangrakiting ngukut ywa kalimput | sar�ngana p�ting
pramana d�n aglis | puput wus layu khayafu | t�las wasitaning maot ||
Tamat.
katiyuping. (kembali)
manggilingan. (kembali)
lir. (kembali)
Sandiasma: dari bait 1 sampai bait 14, suku kata pertama pada tiap bait pada baris
pertama berbunyi : Mangunwijaya kawula nata mantri Bayat. (kembali)
marmanipun. (kembali)
praptaning. (kembali)
gumingsir. (kembali)
kawahy�ng. (kembali)
duk. (kembali)
Lebih satu suku kata: iya anpas kang win�ngku. (kembali)
sawujud. (kembali)
Kurang dua suku kata: Wisnunira iya Wisnu sajati. (kembali)
satunggal. (kembali)
ginggang. (kembali)
Copyright � 2011-12 Yayasan Sastra Lestari. All Rights Reserved.