Langgam PITUTURE WONG TUWO
Karipta dening Soeprajitno
Bawa. (Maskumambang)
Dadiya tepa palupining ngasami
Ingsun gadhang – gadhang
Andika sih mring sasami
Jujur datan den lirwakna
Lagu.
A. Elinga ja nganti lali
Ngendika lan dawuhe wong tuwa
Guyup rukun mring sasami
Ra lali tresna mring ibu bapa
B. Obah musike tyasira
Reksanen ja nganti ngayawara
Ora tumindak sembrana
Serta seken gondhelan agama
C. Ewuh aya aja wedi
Kalamun amanggih kang rekasa
Amung marga banda sirna
Ra ngerti yen bakal gawe mulya
D. Tan ginggang tansah sun puji
Andika tekun nggong ibadah
Jejering putri utami
Ing wekasan manggih bagya mulya